Sabtu, 01 Desember 2012

SEMEDI I


SEMEDI I

KASENGSEM MRING HYANG WIDDHI
BEBUKANE SEMEDI

Para aji sepuh ingkang satuhu pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur,
Manawi boten klentu kula sampun nate ngedumel ing mriki ukara ingkang ungelipun makaten: Kaweruh bab ngelmu [kabatosan] punika manawi taksih saking piwulangipun asanes, utawi piwulangipun buku-buku, punika taksih dereng kenging dipunpercados wetah, jalaran piwulang wau sayektosipun namung ancer-ancer minangka kangge cocogan ing tembe.”

Sampun kalimrah tumraping bangsa Wetanan nindakaken laku prihatin, anggentur tapa brata, semedi, lsp. minangka panembungipun dhateng Gusti Kang Murbeng Dumadi. Tamtu, prayoginipun panjenengan sampun namung maos andharan kula kemawon, nanging sumangga sami sesarengan ngangkah sageda sumerab lan ngalami semedi ingkang sanyata punika. Manawi kita dereng sumerab semedi ingkang nyata, punika ateges kita dereng pikantuk pangawikan pribadi, basa kemplingipun self-knowledge. Lan samangsa dereng damang dhateng pribadi kita piyambak-piyambak, ‘aku’-nipun piyambak-piyambak, semedi punika boten ngemu teges punapa-punapa. Manawi boten wonten tegesipun, lha rak mudakir, eh mubadzir ta? Lajeng kados pundi caranipun semedi ingkang leres lan ngemu teges punika?

Lenggah ing pojokan patamanan pinggir margi merana seorang diri menanti pujaan hati utawi kliyek-kliyek ing pasareyan ngenteni mudhune ponang wahyu lenga tala, punika rak boten teges semedi ta? Makaten punika wau leregipun namung nggelengaken cipta, tegesipun misah. Kula saged mesthekaken yen wonten sawatawis tiyang ingkang nyobi ngecakaken semedi kanthi cara-cara wau.

Panjenengan ngangkah nggelengaken cipta, ning nggagas sawijining lesan [objek] lan pikiran panjenengan klambrangan mrika-mrika, punapa malih kanthi mripat merem melek kedhip-kedhip kemuayu kados Yong Ma, panjenengan pidih sagedipun gumeleng. Samangsa kandhas ing sedya, lajeng panjenengan ndonga umik-umik. Dados manawi tiyang saestu pangangkahipun badhe mangertos kados pundi ta semedi ingkang leres punika, tiyang kedah sumerab kalintuning tanduk ingkang kita wastani semedi. Sampun tetela yen nggelengaken cipta punika sanes semedi.

Panjenengan ngangkah badhe nggelengaken cipta dhateng sawijining lesan, ning pikir panjenengan slewengan dhateng barang sanes, temahan dumados cengkah-cinengkah, benceng kajeng ajegan. Yen pancenipun makaten badhe katujokaken dhateng satunggiling lesan, ananging pikir boten purun, nyleweng dhateng sanes. Cobi sapunika panjenengan waspadhakaken, ing salebeting lampah nggelengaken cipta makaten punika, ing ngriku rak ketingal mengku patrap mageri pribadi, dados nyimpang saking tujuwan.

Samangke nyandhak bab ndonga. Cetha bilih ndonga punika wonten wohipun. Upamia boten makaten, mangsa puruna tiyang pinten-pinten ndonga. Kados-kados ing salebeting ndonga pikir lajeng kadamel kendel [kendel=lerem; dede kendel=wani]. Kanthi ngucapaken tetembungan ajeg wongsal-wangsul pikir lajeng dados lerem, sarta ing salebeting lerem wau lajeng wonten pitedah, sawangan utawi wangsulan. Ning, makaten punika inggih taksih kalebet peranganing karti sampekaning pikir.

Jalaran, gunggung kepruk sarana dedonga panjenengan saged damel lereming pikir. Sarta ing dalem lerem wau, wonten wangsulan sandhi jumedul saking raos ingkang boten kawedhar dalah ingkang kawedhar. Ning, makaten punika inggih taksih kawengku ing kawontenan ingkang boten suka pangertosan.

Semedi punika sanes panembah [panembah dhateng pamanggih, gegambaran, utawi kapitadosan] amargi samukawis gegubahaning pikir, punika taksih kalebet ewoning brahala. Saged ugi tiyang boten mangeran dhateng reca, jalaran dipun manah yen pakarti punika nasar saking nalar, kapilare, lan gugon tuhon.

Semedi kanthi mundi-mundi barang gegubahaning pikir, pepetan, pamanggih, rama, begawan, kyai, selebritis, lsp., punika inggih sanes semedi ingkang nyata. Cethanipun, punika namung sawenehing lampah ngoncati dhiri pribadi. Patrap ngoncati makaten wau pancen asring saged damel pemareming manah. Ning, inggih taksih ewoning ngoncati.

Pangangkah saged dados tiyang utami kanthi pambubidaya ingkang tanpa kendhat [ngangkah badhe dados tiyang utami sarana masuh dhiri sarana pangatos-atosing pamerdi dhateng dhiri pribadi tuwin sanesipun], punika inggih sanes semedi ingkang nyata.

Kathah ingkang kawilet ing lampah makaten wau. Sarehning punika wau boten mbuka pangertosan kita tumrap kajatening pribadi, pramila lampah punika wau sanes margi ingkang anjog dhateng saleresipun. Pepunthonipun, punapa ta dhasar panjenengan kangge mawas ing saleresipun manawi tanpa pangawikan pribadi?

Bilih tanpa pangawikan pribadi, sadaya ingkang panjenengan tindakaken punika namung badhe manut dhasaring pangangen-angen kita, manut tanggaping cipta ingkang sampun mawa corek.

Tanggaping cipta ingkang mawa corek makaten punika sanes semedi. Ning, sagedipun tiyang sumerab ing tanggaping cipta [tegesipun saged kraos dhateng mobah-mosiking pikir lan raos], punika tanpa ngemohi lan tanpa nanggapi [basa monceripun without condemnation and justification]. Pasrah bongkokan wis apa jare kono, ngantos estu tuhu pramana dhateng mobah-mosiking pribadi, polahipun pribadi. Lha, inggih punika margi ingkang saged anjog dhateng semedi ingkang nyata.

Semedi punika boten ateges kedah nilar bebrayan lho! Bebrayan sampun dipuntilar piyambakan, mangke ndhak sakit rindu. Semedi punika lampah ingkang tundhonipun mbuka pangertosan dhiri pribadi. Bilih tiyang sampun wiwit sumerab ing dhiri pribadi [boten namung ing raos ingkang kawedhar, nanging ugi peranganing dhiri pribadi ingkang tan kawedhar], lha ingriku punika bebukaning kahenengan.

Pikir ingkang kakendelaken sarana peksan, sarana tiru-tiru, punika boten kendel [lerem]. Punika pikir ingkang kandheg. Punika sanes cipta ingkang awas ing pangawikan, tan ika iki, sarta gampil nggraita ing pambudi.

Semedi punika mbetahaken tansah awas lan pamawas, tansah kraos ing saben tembung, pikir lan raos, ingkang medharaken kajatenipun pribadi kita ingkang kawedhar dalah ingkang boten kawedhar. Ing sarehne makaten punika sakelangkung rungsitipun, mila kathah ingkang milih ngoncati lampah semedi, lajeng pados sadhengah kasenengan barang ingkang nggendeng manah.

Ning, samangsa tiyang mangertos bilih pangawikan pribadi punika bebukaning semedi, prakawis punika lajeng dados sakelangkung wigatos sarta damel sengseming manah. Awit, gunggung keprukipun [wiwit mau kok keprukan terus ta ya!] bilih tanpa pangawikan pribadi, mokal panjenengan badhe kasembadan saged nindakaken ingkang panjenengan wastani semedi ingkang leres lan ngemu teges.

Ning, manawi panjenengan taksih leket ing agami/kapracayan panjenengan, rekening panjenengan, tetumpakan panjenengan, griya panjenengan, utawi kosokwangsulipun, panjenengan babarpisan nyingkur samukawis kadonyan, utawi, saged ugi panjenengan taksih leket dhateng pamanggih [feeling panjenengan nggeleng mriku, temahan pamanggih-pamanggih wau dados dhasaring gegubahan panjenengan ingkang saya mindhak-mindhak], sampun samesthinipun punika sanes semedi ingkang leres.

Kados atur kula ing inggil, bilih pangawikan pribadi punika minangka bebukaning semedi. Tanpa pangawikan pribadi, tangeh sagedipun semedi. Manawi tiyang punika saya lebet pangawikaning ing dhiri pribadinipun, angen-angenipun dados lerem lan lugu kendel, saged nglalekaken kajatenipun.

Kendelipun punika boten kadamel, boten kapeksa awit saking melik ganjaran swarga utawi saking ajrih neraka. Ing riku lajeng wonten kahenengan, lah ing ngriku ngalelanipun Ingkang Sanyata, Kasunyatan, The Reality.

Ning, kahenengan ing riku sanes kahenengan cara Islam, Kristen, Buddha, utawi Hindu. Kahenengan ing riku punika kahenengan ingkang boten kenging kawastanan. Mila, bilih panjenengan ngambah margining kahenengan cara Islam, Kristen, Buddha utawi Hindhu, tangeh sagedipun kendel. Dados, manawi tiyang nedya manggih Kasunyatan, kedah nyingkur babarpisan wewatesanipun, punapa Islam, Kristen, Hindu, Buddha, utawi golongan sanesipun.

Manawi perlunipun namung nyantosakaken dhedhasaranipun [i.e. agama/kapracayan panjenengan] sarana semedi, sarana mituhu ing tuladha isining kitab-kitab utawi dhawuhing ika iki, punika tumraping kula pribadi namung badhe damel kandheg lan bawuring cipta. Lan kula boten saged mesthekaken saestu punapa ingkang dipunpingini ing akathah, awit pancen gampil damel patuladhan lajeng dipunpituhu. Ning, manawiti yang ngangkah badhe luwar saking dhedhasaripun, punika mbetahaken pamawas ingkang tanpa kendhat dhateng sesrawungan.

Samangsa sapisan kemawon sampun kasil saged ngambah ing kahenengan makaten wau, temahan tuwuh kawignyan bawa anggit ingkang boten kados salimrahipun. Ning, kahenengan punika boten saged ginayuh punapa malih dipuntiru, manawi makaten lajeng ical. Panjenengan boten saged dumugi ingriku sarana ngambah margi pundi kemawon.

Sagedipun kadumugen, namung manawi larahing pribadi dipunmangertosi, sarta pun pribadi dalah sadaya pakartinipun lan kajuliganipun sampun telas. Angen-angen sampun boten nggubah, punika dhatengipun bawa anggit [dumadi]. Awit saking makaten wau, pikir kedah dados prasaja, angen-angen kedah tentrem.

Ning, tembung ‘kedah’ punika estunipun boten leres. Ungel-ungelan ‘pikir kedah dados prasaja, angen-angen kedah tentrem’, punika mengku suraos pameksa. Angen-angen punika saweg tentrem samangsa boten dipunpeksa, nembeh sadaya pakartining pribadi saged kendel.

Manawi sadaya polahipun pribadi punika sampun kendel, lha ing ngriku saweg wonten kehenengan. Kahenengan makaten punika semedi ingkang sanyata. Inggih salebeting kahenengan ingkang makaten wau ngalelanipun Kasunyatan.

Wong kang ambudi daya kalawan anglakoni tapa utawa semedi kudu kanthi kapracayan kang nyukupi apa dene serenging lan kamempengan anggone nindakake. Atine kudu santosa temenan supaya wong kang nindakake sedyane mau ora nganti kadadeyan entek pengarep-arepe yen kagawa saka kuciwa dening kahanane badhane. Wong mau kudu nindakake pambudi dayane luwih saka wewangening wektu saka katamtuwaning laku kang dikantekake marang sawiji-wijining mantram lan ajaran ilmu gaib, awit gede-gedening kangelan iku ora kaya wong kang gagal anggone nindakake lakune. Rasa kuciwa kang mangkono bakal  nuwuhake rasa prihatin lan getun, nganti andadekake ciliking ati lan enteking pangarep-arep. Sawise wong mau entek pangarep-arepe lumrahe banjur trima bali bae marang panguripan adat sabene, marem  mung dadi wong lumrah maneh.

Kawruhana, wong kang lagi miwiti ngyakinake ilmu gaib sok-sok dheweke mesthi nemoni kagagalan-kagagalan kang nuwuhake rasa kuciwa. Sawijining wewarah kang luwih becik tumrap wong kang lagi nglakoni kasutapan, iya iku ati kang teguh santosa aja kesusu-susu lan aja gampang jeleh lan nglokro. Ngemungake wong kang nduweni katetepan ati lan santosaning sedya sumedya ambanjurake ancase, iya iku wong kang bakal kasembadan sedyane. Wong ngyakinake prabawa gaib iku anduweni kekarepan supaya dadi manungsa temenan kang diendahake dening wong akeh, ana ing ngendi wae anggone nyugulake dhirine, temahan diwedeni ing wong akeh, panguwuhe gawe kekesing wong, yen anyentak dadi marakake njepiping lan gawe ketir-ketir cilik atine, ditresnani ing wong akeh, pitembungane digatekake lan pakartine diluhurake ing wong akeh, iya pancen nyata wong liyane mesthi tunduk marang sawijining wong kang kebak ngelmu.

Wong ahli kasutapan tansah yakin anggone ngumpulake kekuwatan gaib ing dalem dhirine. Ana paedahe kang migunani banget manawa wong nindakake pambudi daya kalawan misah dheweke ana ing papan kang sepi karana tinimune kekuwatan gaib, iku sok-sok tinemu dhewekan ana ing sepen. Wong ahli kasutapan kudu budidaya bisane nglawan marang nepsune kekarepan umum (kekarepan wong akeh kang campur bawur ngumandang ana ing swasana). Kalawan tumindak mangkono wong ahli kasutapan mau dadi nduweni pikiran-pikiran kang mardhika. Iya pikiran-pikiran kang mangkono iku kang bisa nekakake kasekten gaib.

Sangsaya akeh kehing kang kena tinindhes, uga sangsaya gedhe tumandhoning kekuwatan gaib kang kinumpulake. Kekuwatan gaib iku tansah makarti tanpa kendhat enggone mujudake sedya lan nganakake kekarepan. Wong ahli kasutapan kudu anduweni ati kang tetep lan kekarepan kang dereng, kalawan ora maelu marang anane pakewuh-pakewuhe lan kagagalan-kagagalaning. Kasekten iku kaperang ana rong warna, iya iku kasekten putih (White Magic) utawa kasekten ireng (Black Magic). Awit saka anane perangan mau banjur dadi kanyatan yen perangan kang sawiji iku becik, dene perangan liyane ala.

Kasekten putih iku satemene ilmu luhur wis mesthi bae kapigunakake mligi kanggo kaslametane wong akeh. Dene kasekten ireng iku ilmu kang kapigunakake luwih-luwih kanggo nelukake kalayan paripaksa, sarta bakal anjalari kacilakaning wong liya. Ananing sakaro-karone saka sumber kang padha, sarta sakaro karane iku padha dipigunakake kalawan aran kang padha, nganggo asmane gusti. Tinemune ilmu-ilmu kasekten kalawan kekuwataning pikiran iku manawa kagolongake meleng sawiji bisa nuwuhake kekuwatan kaya panggendeng kang rosa banget tumrap marang apa bae kang dipikir lan disedya.

Wong kang nglakoni tapa kalawan nindakake laku-laku kang tinemtokake wis mesthi bae gumolonging pikirane bebarengan padha kumpul dadi siji sarta katujokake marang apa kang disedya. Kalawan mangkono iku kekuwatan daya anarik migunakake sarosaning kekuwatane banjur anarik apa kang dikarepake. Swasana kang katone kaya dene kothong bae iku satemene ana drate rupa-rupa.

Samengko upamane banjur ana sawijining wong kang lagi tapa kalawan duwe sedya supaya andarbeni daya prabawa kang luwih gedhe sarta anindakake sakehing kekuwatan pikiran kalawan ditujokake marang sedyane mau nganti nuwuhake daya prabawa. Kekuwataning daya anarik saka pikiran iku banjur anarik dzat ing swasana kang pinuju salaras karo daya prabawa mau kalawan saka sathithik sarta sareh. Dzat daya prabawa kang ing swasana iku katarik mlebu ing dalem badhane wong kang lagi tapa mau. Kalawan mangkono dzat prabawa iku dadi kumpul ing dalem badhane wong kang anarik dzat, nganti tumeka wusanane badane wong mau bisa ngetokake daya prabawa kang gedhe daya karosane.

Wong kang andarbeni ilmu kang mangoko iku dadi sawijining wong kang sakti mandraguna. Tumrap wong-wong kang nglakoni tapa ditetepake pralambang telu : Dhiyan, Jubah lan Teken. Dhiyan minangka pralambanging pepadhang, tumrap kahanan kang umpetan utawa gaib. Jubah minangka dadi pralambange katentremaning ati kang sampurna, dene Teken minangka dadi pralambange kekuwatan gaib.

Ing dalem sasuwene wong nglakoni tapa iku prelu banget kudu migateake marang sirikane, kayata : wedi, nepsu, sengit, semang-semang lan drengki. Rasa wedi iku sawijining pangrasa kang luwih saka angel penyegahe. Menawa isih kadunungan rasa wedi ing dalem atine wong ora bakal bisa kasembadan apa kang nedya digayuh. Rasa wedi  njalari wong dadi ora bisa nduweni budi daya apa-apa.

Sajrone nglakoni tapa utawa salagine ngumpulake kekuwatan gaib, ati mesthi kudu tetep tentrem lan ayem sanadyan ana kadadeyan apa wae. Yen atine nganti gugur, kasutapane iya uga dadi gugur lan kudu lekas wiwit maneh. Gegeman kalawan wadi sakehing ilmu gaib kang lagi pinarsudi, luwih becik murih nyataning kasekten tinimbang karo susumbar kalawan kuwentos kaya kenthos.

“Nepsu” iku marakake lungkrah dayane kekuwataning batin. “Semang-semang” iku andadekake ati kang peteng ora padhang terang. “Sengit utawa drengki” iku uga dadi mungsuhing kekuwatan gaib. Wong kang lagi nindakake katamtuwan ing dalem kasutapan kudu kalawan ati kang sabar anteng lan tetep. Patrape badhan kang kaku lan kagugupan kudu didohake .

·Aja sok singsot

·Aja duwe lageyan sok nethek-nethek kalawan driji tangan marang meja kursi utawa papan liyane.

·Aja ngentrok-entrokake sikil munggah mudhun.

·Aja sok anggigit kukuning dariji tangan.

·Aja mencap-mencepake lambe.

·Aja molahake lidhah lan andilati lambe.

·Aja narithilake kedheping mata.

·Ngedohake sakehing saradan utawa bendana kang ora becik, kayata glegak-glegek molah-molahake sirah, kukur-kukur sirah, ngangkat pundhak lan liya-liyane sabangsane saradan kabeh.

Satemene perlu banget nyirnakake kekarepan drengki. Karep drengki iku banget nindhih marang dhiri pribadi. Ana maneh drengki iku kaya anggawa sawijining pikulan abot kang tansah nindhes marang dhiri lan sarupa ana barang atos medhongkol angganjel pulung ati. Drengki lan meri iku mung anggawa karugiyan bae tumrap kita, ora ana gunane sathithik-thithika. Salawase wong isih anduweni pangrasan karep drengki lan meri, iku ora bakal bisa tumeka kamajuwane tumrap dunya prabawaning gaib.

Ora mung tumindak tumrap sawijining wong bae bisa maluyakake wong liya kalawan kekuwatan gaib, nanging uga tumindak tumrap sawijining wong maluyakake dhiri pribadi kalawan kekuwatan iku. Bisane maluyakake larane wong liya, mesthine kudu ngirima kekuwatan waluya marang sajroning badhane wong kang lara. Manawa wong gelem naliti yen wong iku bisa ngumpulake kekuwatan gaib ing dalem badhane dhewe lan ngetokake sabageyan kekuwatan gaib kawenehake marang wong liyane, mestheni uwong bisa ngreti yen arep migunakake kekuwatan iku nganggo paedahe dhiri dhewe uga luwih gampang.

Supaya bisa nindakake pamaluya marang dhirine dhewe kalawan sampurna, wong ngesthi kudu mangerteni cara-carane maluyakake panyakit. Iya iku cara-cara kang katindakake kanggo maluyakake wong liya lan wusanane ambudidaya supaya bisa migunakake obah-obahan iku marang awake dhewe.

Kawitane wong kudu nindakake patrape mangreh napas. Dene carane ngatur napas iku kaprathelakake kalayan ringkes kaya ing ngisor iki :

·Mardhika ing panggonan kang sepi.

·Lungguha ing sawijining palinggihan kang endhek lan kepenak, sikil karo pisan tumapak ing lemah.

·Badhan kajejegake lan janggute diajokake.

·Benik-beniking klambi kang kemancing padha kauculan, sabuk uga diuculi supaya sandhangan dadi longgar lan kepenak kanggo ambegan ngatur mlebu metune napas.

·Pikiran katarik mlebu, supaya luwar saka sakehing geteran pikiran kaya saka ing jaba.

·Sakehing urat-urat kakendhokake.

·Banjur narika napas kalawan alon lan nganti jero banget, diampet napase sawatara detik (kira-kira 6 detik) lan wusanane napas diwetokake uga  kalawan sareh.

Anujokna gumolonging pikiran kalawan ngetut marang napas kang mlebu metu iku kalawan giliran. Cara nindakake napas kaya ing ngisor iki :

·Narik napas kalawan alon lan nganti jero ing sabisane, nganti dhadha mekar lan weteng dadi nglempet.

·Nahan napas iku kira-kira nem detik utawa luwih suwe ing njero paru-paru,  dhadhane cikben lestari mekare, lan wetenge cikben lestari nglempetake. Kalawan mangkono iku gorong dalaning napas tansah tetep menga.

·Ambuanga napas kalawan alon nganti entek babar pisan, nganti dhadha dadi kempes lan weteng dadi mekar.

·Banjur marambah-rambah matrapake mangkono iku suwene kira-kira saka lima tumeka limolas menit utawa luwih suwe nganti bisa nemoni pangrasa anteng lan tentrem ing sajroning badhan.

Carane matrapake kasebut ing dhuwur iku sawijining cara kanggo napakake napas, iki kena lan kudu ditindakake saben dina telung rambahan, dening sapa bae kang nglakoni tapa supaya oleh ilmu gaib. Daya kang luwih bagus, iya iku miwiti makarti miturut pituduhan. Aja weya nalika nindakake patrap kanggo napakake napas iku.

Cara matrapake tumindaking napas iku kena uga ditindakake kalayan leyeh-leyeh mlumah: ngendhokake sakabehing urat-urat, nyelehake tangan sakarone pisan ing sadhuwuring weteng lan nindakake lakuning napas miturut patrap mau.

Banjur matrapa lakuning napas sawatara rambahan miturut aturan. Gawe segering utek lungguha kalawan jejeg lan nyelehna tangan karo pisan ing sandhuwuring pupu kiwa tengen: mripat mandheng marang arah ing ngarep kalawan tetep: sikil karo pisan tumadak ing lemah. Kalawan jempol tangan tengen anutup lenging grana sisih tengen lan anarika napas liwat lenging grana sisih kiwa, wusana nglepasake jempol iku banjur ambuwang napas lan nutupa lenging grana kiwa kalawan driji narika napas liwat lenging grana tengen, lepasna driji panutup iku lan ambuwanga napas. Mangkono sabanjure kalawan genti-genten kiwa lan tengen. semene dhisik, isih ana candha
ke ...!

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar